Sore-sore jam 3 onok tamu teko omahe Cak No."Kulo nuwun. Aku Kusen ning. Cacakmu onok tah ?" jare tamune."Sik durung mulih.. diluk ngkas paling, pinarak sik cak.." jare bojone Cak No.Mari ngono arek loro malih asik ngobrol ambek ngenteni Cak No mulih."Sik tah ning, lek tak sawang-sawang sampeyan iku ayu lho athik seksipisan'' Kusen mulai ngerayu."Peno jok macem-macem lho, tak kandakno bojoku tebhal sampeyan" jare bojoneCak No."Ngene lho ning, aku wis gak tahan maneh. Lek aku oleh sun pipi sampeyanpisan ae, dhuwik satus ewu iki jupuken" jare Kusen ambek ngetokno seketewuan loro.Pikire bojone Cak No, mek disun thok ae, gak bakal konangan, opomaneh jamanekrismon lak lumayan tah."Yo wis, tapi diluk ae yo". jare bojone Cak No. Mari ngesun, Kusenngekekno dhuwike."Tapi ning, aku sik gak lego lek gak ngesun karo -karone. Lek oleh ngesunsitoke, tak kei satus ewu maneh" jare Kusen.Pikire bojone Cak No, yo gak opo-opo se, paling mek diluk koyok mau. Maringesun, Kusen ngetokno satus ewu maneh.Bojone Cak No sueneng gak karuan, "Sing iki pisan cak... gae bonus", jarene.Mari ngono Kusen terus pamitan alasane kesuwen ngenteni Cak No gak teko -tekosoale katene arep onok urusan liyo.Gak sui, Cak No mulih. "Cak mau onok konco sampeyan teko jenenge Kusen,wonge antik pol.." bojone cerito."Oh iyo pancen mbethik arek iku.. Jarene kate nyaur utang rongatus ewu, wisdibayar tah ?."





0 komentar
Post a Comment